Dongeng Jawi: Buto Ijo Lan Senggutru

 Ndek jaman biyen, ing leladan tanah  Kraton Jenggala, ana sawijining randa kang kasrakat uripe, randa mau aran Nyi Reni. Dheweke mapan ana sawijining desa kang aran Welahan, desa cilik kang adoh saka Jenggala. Pakaryane Nyi Reni saben dinane dodolan jenang,yakuwi bubur beras ketan sing dimasak nganggo gula abang sarta diwenehi wewangen godong pandan. Sanadyan digawe saka barang sing paribasane tanpa aji, ananging awit Nyi Reni pinter anggone masak, jeneng mau rasane dadi enak banget, mula akeh kang pada seneng. Wektu-wektu Nyi Reni bakal liwat nawakake jenenge wis akeh sing padha nunggu arep tuku jenang.
    “Jenang…Jenang, Nyai. Jenange legi tur wangi…” suarane Nyi Reni wis kapara krungu saka kadohan lan wis diapali warga pradesan.

    Nyi Reni manggon ana sawijining omah kang prasaja banget karo anak tunggale wadon kang aran Senggutru. Ananging Senggutru ora kaya bocah liyane, awake cilik banget kacenthet, dhuwure ora nganti setengah meter. Amarga pawakane kang lucu mau kanca-kancane malah pada seneng karo dheweke, lan Senggutru uga ora minder amarga pawakane mau. Kepara malah yen pinuju dolanan karo kanca-kancane, kayata pethak umpet lan jamuran, kanca-kancane padha klimpungan amarga ora bisa nemokake delikane Senggutru kang awake pancen cilik tenan, lan playune rikat.  
    “Senggutru…Senggutru, kowe ana ngendi? Wis metua wae, kabeh ngaku kalah!” pabengoke kanca-kancane kang wis padha mumet ora bisa nemokake pandelike Senggutru.
    “Hee, aku ana kene…! Senggutru jedul karo guyu kemekhel, lan kanca-kancane pada kaget amarga ana tenggok bisa mlaku dhewe amarga Senggutru ana njero tenggok.

    Mengkono mau Senggutru lan Ibune anggone nglakoni uripe kanthi bungah sanadyan kahanane uripe kapara prasaja. Nanging kahanan iku banjur dadi malih grebyang nalika ing desa cilik kang adoh saka kraton iku kerep ditekani buto gedhe utawa raseksa.
    Raseksa sing teka ing desa Welahan iku aren Buto Ijo. Buto artine Raseksa, Ijo tegese ugo Ijo. Nanging sakbenere rupa lan wernane raseksa mau ora ijo. Jeneng mau amung sebutan kang diwenehake warga pradesan, iso ugo dijenengke Buto Ijo amarga awake sing katon reged kaya lumut ijo. Desa Welahan sanalika dadi geger amarga tekane Buto Ijo kang pranyata ora mung mangsa kewan ternak, ananging ugo gelem mangsa manungsa, lan luwih-luwih bocah cilik-cilik.      

    Desa Welahan dadi ora aman, para wong tuwo gage-gage ngungsengake anak-anake menyang omahe sanak sedulure kang adoh. Saiki kahanan Desa Welahan dadi sepi nyenyet amarga ora ana maneh suara bocah-bocah kang lagi dolanan. Awan lan bengi lawang-lawang warga pradesan wis padha ditutup rapet. Wong-wong tuwa padha ora gelem metu omah yen ora ana urusan kang wigati tenan, kajaba mung Nyi Reni. Randha iku kapeksa tetap metu omah kanggo dodolan jenang amarga yen ora mengkono ora bisa duweni duit kanggo ngopeni uripe lan anake wadon Senggutru.
    “Duh, Dewa, ayamana nyawaku lan anakku kang lagi dhewekan ana ngomah” mengkono dongane Nyi Reni saben-saben ninggalake omah kanggo lunga dodolan.

    Atine Nyai Reni banget susahe saben-saben lunga ninggalake Senggutru sing katon cilik dhewekan ana ngomah. Sajatine Nyai Reni kepingin ngungsengake anake menyang panggonan kang aman, ananging Nyai Reni wis ora duwe sanak kadang maneh. Begjane Senggutru dudu bocah kang gembeng, malah iso diarani Senggutru kuwi bocah kang kendel.
    “Aja khawatir, Mak. Aku iso njaga awakku lan dhelik ana panggonan kanga man yen Buto Ijo teko” ucape Senggutru kanggo nglipur Ibune. “nanging tinggalen lading cilik iku tak enggo jaga-jaga” panjaluke Sanggutru.   

    Nyai Reni gage-gage mangkat sawise menehake lading cilik kang dijaluk anake.
    “Oh, Dewa Yang Agung. Mugi Paduka ayomi anak kawulo” padongane Nyai Reni ana ing sakuruting dedalan.
    Sakpungkure Ibune mangkat, Senggutru banjur krungu swarane sikil kang lumaku kanthi mantep, brek-brek suarane. Saben-saben keprungu suara iku, bumi dadi gonjang-ganjing kaya diguncang lindhu. Senggutru mangerteni iku mau swara sikile Buto Ijo. Wis makaping-kaping Buto Ijo mau marani omahe Nyai Reni amarga gandha abune bocah cilik, nanging ora kasil nemoake. Senggutru kang rumongso bisa ngakali Buto Ijo nganti makaping-kaping dadi tuwuh rasa wanine lan ugo usile. Dheweke malah wani goda Buto Ijo.

    “Buta edan…Buto edan…!” cluluke Senggutru saka pandelikane.
    Krungu suara bocah cilik kang banter mau Buta Ijo samsaya gugreget anggone goleki. Nanging nganti sauntara wektu, Buta Ijo ora klakon bisa nemokake pandelikane Senggutru.
    “He, …bocah kowe ana ngendi?!  Gage metua…!” clatune Butoa Ijo karo nesu.
    “Aku aneng kene, Paman Buta. Golekana dhewe yen iso!” godane Senggutru.
    Buta Ijo karo nesu terus goleki pandelikane Senggutru, nanging ora kasil. Buta Ijo dadi kesel dhewe lan banjur tiba dhodok nglereni awak. Nanging durung suwe leren, dumadakan ana nyamuk sing mlebu ana irunge. Buta Ijo iku banjur wahing banter banget nganti ngaburake tenggok kang ana sacedhake.     

    Buta Ijo dadi gumregah nalika mangerteni sangisore tenggok kang kabur mau ana bocah cilik kang ngoplok kaweden. Bocah kang ora liya ya Senggutru banjur disaut, ora bonggo sapira Senggutru wis ana genggemane raseksa. Buta Ijo banjur guyu lakak-lakak saka bungahe karo ngacung-ngacungake Senggutru menyang tutuke. Nanging tanpa dinyana sajroning Buta Ijo guyu lakak-lakak, Senggutru banjur mencolot mlebu menyang tutuke Buta Ijo lan banjur mlebu menyang wetenge.

    Senggutru kang ana sajroning weteng raseksa dadi wedi banget lan banjur ngetokake lading banjur ngrusak weteng lan medhoti ususe raseksa. Ora kepara suwe banjur keprungu panjerite Buta Ijo kang sora banget nganti ngagetake warga pradesan Welahan. Warga pradesan kang wani-wani angas nyoba mengerteni ana kadadeyan apa dadi padha cingak amarga ora ngerti sakan paraning dumadakan wae raseksa mau ambruk bumi kanthi suara gegirisi.

    Warga pradesan bareng mangerteni lamun raseksa mau wis ora obah banjur padha cedhak. Warga pradesan banget anggone saos syukur bareng mangerteni raseksa mau wis mati, nanging padha ora mangerteni sapa kang mateni. Sewetara warga pradesan padha rerasanan ngenani bab mateni Buta Ijo, dumadakan wae saka wetenge Buta Ijo kang suwek, jumedhul bocah cilik kang banget dimangerteni warga pradesan.
    “Seng…Senggutru!” warga pradesan padha bengok kanthi bungah lan trenyuh banget.
Nyai Reni lan warga pradesan kang mangerteni Senggutru iso uwal kanthi slamet saka wetenge raseksa banget anggone padha asung panarima marang para dewa. Lan warga pradesan uga ora kendhat tansah nyritakake kekendelane Senggutru nganthi kasil merjaya raseksa kang tansah gawe cilakaning warga pradesan.  
Comments
0 Comments
diberdayakan oleh Media Blogger

0 komentar:

Poskan Komentar